Sugeng Rawuh


Sugeng Rawuh

Kita makan untuk hidup
Bukan hidup untuk makan

Jumat, 30 Juli 2010

Gamelan Jawa


Gamelan Jawa iku salah siji jinis utawa corak gamelan sing urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih lambat, beda karo musik gamelan Bali sing tempone luwih cepet uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling.

Gamelan Jawa iku nduwe nada-nada pentatonis, Sak prangkat gamelan kumplit iku nduwe 2 laras yaiku:

1. Gamelan Sléndro
2. Gamelan Pélog

Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane ketata saka pirang-pirang puteran lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur neng bageyan-bageyan sing masing-masing ketata saka 4 nada.

Masing-masing piranti nduwe fungsi dhewe-dhewe, sing nuntun swara yaiku rebab, sing nuntun sampak diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku penayagan utawa nayaga, sing nembang, arané pesinden utawa wira-swara/swarawati.

Piranti gamelan Jawa iku mèh kabèh / lumraéh digawé saka tosan (logam) antarane: wesi, tembaga campur rejasa (nikel), utawa perunggu, utamane wilahe. Yen Grobogan, gamelan grobogane umum saka kayu. Bahan tambahan liya antarane pring, kulit (kanggo kendhang) lan liyane. Piranti gamelan sing ora ana kandungan tosan iku mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe.

Piranti gamelan isa dikelompo'ake dadi 4 bageyan yaiku:

1. Gongan: gongan iku selang wektu unine swara gong utawa kelompok gong (kempyang, kethuk, kempul lan kenong). Selang wektu iki beda-beda, isa pirang detik nganti pirang menit miturut irama uga tempo tembange.

Gongan sing paling dawa selang wektune yaiku gongan saka swara gong ageng. Gongan yaiku: kempyang, kethuk, kempul, kenong lan gong

2. Balungan: balungan (asal tembung saka balung) iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki.

Jenis balungan;
* Balungan mlaku utawa balungan mlampah
* Balungan nibani
* Balungan nggantung
* Balungan pin mundur
* Balungan ngadal

Balungan yaiku: saron panerus, saron barung, demung, slenthem lan slentho

3. Panerusan: panerusan ing gamelan iku rangkeyan swara-swara saka piranti-piranti gemalan panerus sing nambah variasi-variasi ing balungan utawa melodi. Liwat swara-swara saka piranti panerus iki muncul swara-swara sing luwih variatif kasil improvisasi lan kreativitas nayaga, dadi paling angel dipelajari. Panerusan yaiku: bonang, gendér, gambang, siter, celempung, suling lan rebab

4. Kendang: ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)
* Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
* Kendhang wayangan
* Kendhang batangan utawa ciblon
* Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur

Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir/panutup swara suwukan.

Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
* Dlong: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
* Dhah: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
* Thung: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
* Ket: swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
* Tong: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
* Tak: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
* Deng: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang.

Kendhang yaiku: kendhang lan bedhug.

Masing-masing 4 kelompuk ing dhuwur iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis. Seliyane iku ana maneh kelompok liya sing uga ngeto'ake swara ning dudu saka piranti, kelompok iki yaiku: gerong, sindhen, alok, senggakan lan keplok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar