Sugeng Rawuh


Sugeng Rawuh

Kita makan untuk hidup
Bukan hidup untuk makan

Minggu, 22 Agustus 2010

Wayang Kulit


Wayang Kulit iku sajinising
pagelaran wayang sing nrapaké
bonékah-bonékah saka kulit. Jinis
wayang iki kang paling disenengi ing
Tanah Jawa. Wayang iki digawe
seka kulit kang ditatah lan dientha
kaya dene manungsa. Umumé
wayang kulit nggunaake lakon
Wayang Purwa, nanging ana uga
kang nganggo Crita Menak lan
Babad Tanah Jawa, crita Agama, perjuwangan, lan
maneka warna crita liyane.
Wayang kulit dimainké ing layar
putih kang sinebut kelir. Dene
wayang-wayang kuwi ditancepaké
ing debog lan ana ing sisih tengen
lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana
ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki.
Pagelaran wayang wis diakoni
déning UNESCO ing tanggal 7
November 2003, dadi karya
kabudayan kang édi péni ing
babagan crita dongéng lan warisan
sing berharga banget (Masterpiece
of Oral and Intangible Heritage of
Humanity). Suwaliké, UNESCO
nyuwun supaya Indonesia njaga
(preserve) warisan kuwi.

Panyebaran
Wayang iki ora mung sumebar ing
Jawa waé, nanging uga ing tlatah
liya ing Nuswantara. Wayang kulit
sumebar ing tanah Jawa lan uga
perangan Nusantara, nanging
wayang iki luwih disenengi dening
wong Jawa Tengah lan saperangan
Jawa Wetan. Ing antarane
panggonan siji lan liyane nduwe
gagrag dhewe-dhewe, sing paling
gedhe yaiku Gagrag Ngayogjakarta
karo Gagrag Surakarta. Gagrag
Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga
kondhang ing tlatahe dhewe.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang
antuk owah-owahan. Campursari
lan dhagelan mlebu ing antarane
pagelaran mau. Amarga wayang
uga wis mlebu dadi acara televisi,
suwene pagelaran kang asline
sewengi sok dikurangi dadi
sawetara jam thok.

Uba Rampe :

1.Cempala
:
thuthukan dhalang kanggo ngiringi
antawacana lan omongan ing lakon.
2. Kelir
:
layar putih kang dibeber kanggo
mainke wayang.
3. Blencong
:
Senthir kanggo gawe wewayangan,
ing jaman saiki ana kalane senthir
disulih nganggo petromax utawa
lampu listrik.
4.
Kepyak
:
digawe seka kuningan kanggo
iringane dhalang.
5. Kothak
:
wadhah wayang lan kanggo
dithuthuk Cempala
6. Gedebog/debog
:
kanggo tancepan wayang.
7. Gamelan
:
kanggo ngiringi pagelaran.

Simpingan
Akehe wayang ing kothak ora padha
ing antarane dhalang siji lan liyane.
Ana kang kurang seka 180, ana uga
kang nganti 400 wayang. Wayang
mau ana kang ditata ing pakeliran
sisih tengen lan kiwa, ana uga kang
ing njero kothak.

Simpingan Kiwa :
Ing antarané kang ditata ana ing
sisih kiwa yaiku:
Buta Brahala/Ditya Balasrewu
Kumbakarna
Tremboko
Bathara Gana
Nilarudraka
Bathara Kala
Karungkala
Bagaspati
Yudhakalakresna
Kala Pracona
Maesasura
Lembusura
Gajendramuka
Niwatakawaca
Prahasta
Wisnungkara
Jambumangli
Pancatnyana
Arimba
Suratimantra
Sekipu
Getahbanjaran
Prabakesa
Wisnungkara
Brajawikalpa
Brajalamatan
Yamadipati
Rajamala
Dasamuka Triwikrama/kurda
Dasamuka
Sumali
Rahwana
Bomantara
Wesiaji/Watuaji
Brajadentha
Brajamusthi
Indrajid/Meganandha
Bukbis/Pratalamaryam
Trisirah
Trinetra
Trikaya
Triweneh
Trimurdha
Dewantaka
Dewantumut
Narantaka
Sagsadewa
Kangsa
Duryudana
Kurupati
Setija/Bomanaraksura
Bogadenta
Sambu
Prabu Baladewa kanthi maneka
wanda (versi)
Gendara/Prabu Suwala
Sugriwa
Subali
Bathara Indra
Prabu Basudewa
Matswapati
Dhestharastra
Dasarata
Drupada
Salya
Bismaka
Kencakarupa
Rupakencaka
Basudewa Nom
Gardapati
Seta
Utara
Wratsangka
Bismaka
Setyajid
Resi Bisma
Ugrasena
Singamulangjaya
Setyaki
Sanga-Sanga/Jayasanga
Arya Prabu Rukma
Wibisana
Supala
Suwanda
Adipati Karna
Dhresthajumena
Denthawilukrama
Nakula
Sadewa
Trigantalpati/Suman
Kumbayana
Narasoma
Narayana
Lesmanamandrakumara/
Sarojakusuma
Bathara Panyarikan
Bathara Mahadewa
Samba
Setyaka
Warsakusuma
Rukmarata
Wisanggeni
Pinten
Tangsen
Denawa Bajang/Sukasrana
Bayi Denawa

Simpingan Tengen :
Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti
seka wayang Brahala/Dewa Amral/
Dewa Mambang dipungkasi
nganggo wayang bayen.
Brahala/Dewa Amral/Dewa
Mambang
Prabu Tuguwasesa/Jaya
Pusaka/Renggani Sura (versi
Yogyakarta/Ki Timbul)
Bathara Bayu
Bima/Werkudara
Dhandunwacana
Ramabarghawa
Pulasiya
Bratasena/Dwijasena/Wijasena
Jagal Abilawa/Billawa
Guru Putra
Bathara Brama
Gandamana
Bathara Tantra
Danaraja/Danapati
Antareja
Gathutkaca
Suryakaca
Abiyasa Kurda (marah)
Jaya Sumpena
Sasikirana
Antasena
Bathara Baruna
Puthut Guritna
Wisnu Kapiwara
Anoman
Resi Mayangkara
Bathara Guru
Bathara Wisnu
Kresna
Kresna Dipayana (Prabu
Abiyasa)
Narasinga
Ramawijaya
Mahapunggung
Watugunung
Arjunasasrabahu
Kuncara Kresna
Kuncara Kresna Nom
Sentanu
Bathara Kamajaya
Dasarata
Kresna Dipayana
Palasara
Manumayasa
Pandu Dewanata
Kariti/Katili/Wilikiti
Sekutrem
Puntadewa
Yudhistira
Abiyasa Nom
Dewabrata
Arjuna
Dananjaya
Leksmana Widagda
Suryatmaja/Suryaputra
Permadi
Ciptaning
Wijakangka
Yama Widura
Abimanyu
Parikesit
Dewasrani
Bathara Surya
Bathara Kamajaya
Sakri
Sucitra
Sumantri
Wrehatnala
Sanjaya
Pancawala
Priyambada
Irawan
Sumitra
Sidapaksa
Jaya Sampurna
Bambangan (srambahan)
Bathara Narada
Arimbi Yaksi
Bathari Durga
Anjani
Jembawati
Setyaboma
Rukmini
Dresanala
Erawati
Surtikanthi
Banowati
Gendari
Kunthi
Drupadi
Madrim
Trijatha
Bathari Uma
Bathari Supraba
Bathari Wilutama
Dewi Amba sakadhang
Bathari Sri
Sinta
Sumbadra
Srikandhi
Larasati/Rarasati
Utari
Pregiwa
Pregiwati
Sumpaniwati
Siti Sundari
Titisari
Sang Hyang Wenang
Dewa Ruci
Wayang Bayen/putran

Wayang Dhudahan :
Wayang dhudahan yaiku wayang
kang ora melu disimping nanging
mung disimpen ana sajroning
kotak. Biasane wayang dhudahan
kuwi klebu wayang sing kerap
dilakokake dening Ki Dhalang.
Contone wayang dhudahan :
1. Dhudahan Kurawa
Patih Sengkuni
Pandhita Durna
Burisrawa
Dursasana
Kartamarma
Jayadrata
Durmagati, Durgempa,
Durmuka, lan sapiturute
Aswatama
Citraksa
Citraksi
2. Dhudahan Pandhita lan Dewa
Begawan Abiyasa
Begawan Sempani/Sapwani
Resi Wisrawa
Begawan Wilwuk
Nagaraja
Anantaboga
Badawangananala
3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat
Cakil
Bragalba
Buta Rambut Geni
Buta Terong
4. Dhudahan Panakawan
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Togog /Catugora
Bilung /Sarawita
Cantrik
5. Dhudahan Keparak
Keparak/Emban ayu kembar
Ampil-ampil
Limbuk
Cangik
6. Dhudahan Prajurit
Patih Udawa
Druwajaya
Pragota
Prabawa
Patih Tuhayata
Patih Saragupita
Patih Adimanggala
Patih Sabrangan
Ampyak/Prampogan
Wisata lan Wilmuka
Demang Sarapadha/Cekruktuna
Wadyabala Buta Pringgodani
(Kalabendana, lsp)
Wadyabala Buta Ngalengka
(Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil
Kathaksini lsp)
Wadyabala Buta Kajiman/
Bajulbarat
Wayang Setanan
Prajurit Kethek Tambak
7. Dhudahan Wanara
Anila
Anggada
Jembawan
Trigangga/Triyangga
Kapi Anggeni
Kapi Indrajanu
Kapi Suwida
Kapi Pramujabahu
Kapi Kingkin
Kapi Warjita/Cacingkanil
Kapi Janulen
Kapi Menda
Kapi Cucak Rawun
Kapi Saraba
8. Dhudahan Sato Kewan
Gajah(Liman/Dwipangga/
Diradha/Matengga.)
Banteng (Andhaka)
Macam (Simo/Sardhula)
Ula (Sarpa/Taksaka)
Celeng (wraha)
Garudha
Kidhang
Landhak
Jaran (Kudha)
9. Dhudahan Pusaka
Kreta Kencana
Maneka warna gegaman (Gadha,
keris, jemparing, lsp).

1 komentar: